Dewi Kunthi
Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta
lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake
keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi
Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya
Ugrasena.
Ana ing
pewayangan, Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik
deweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo
Resi Druwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi
disanguni mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing mampu nyepaki Bhatara
Surya.Kamangka kuwi Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi
Dewi Kunthi isih dilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kanggo
nemtukake sapa kang bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake saymbara
"Giri Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya
Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka
amarga ngerti yen anake ngandhut. apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa.
amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji
Pameling" kanggo ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu
Basukunthi.amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi
Kunthi bisa lair liwat talinga. Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga
keperawanane, lan bayi mau diwenehi jeneng "Karna" uga bisa diarani
Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo
njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi
mau ditemu Kusir Kreta Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa
perang tandhing sing digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja
Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap
sumpah ora bakal nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah
ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu sing telat teka ing
acara sayembara. Pandu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa
ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur dipasrahake.Kanggo
ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga
dipasrahake dening Pandu.
Ana ing
tengah ndalan nalika bali ning Ngastina, Pandu ketemu dening Arya Suman utawa
Sengkuni, putra Prabu Gandara, sing sajake uga pingin milu sayembara perang
tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang
perang tandhing nglawan Pandu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi
Gendhari, adine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.
Raden
Pandu bali ing Ngastina nggawa telung putri. sawise tekan kraton, Pandu banjur
masrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa. sabanjure Wiyasa dawuh dening
Destarasta supaya milih dhisit salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi
Gendhari adine Sengkuni. Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi
Madrim resmi dadi garwane Raden Pandu.
Saka Dewi
Kunthi, Raden Pandu nduwe telung putra yaiku Puntadewa,Werkudara, lan Arjuna.
Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan
Sadewa.
Tatkala
Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil
saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina
tekan nalika. Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahna
maneh dening Pandhawa. Perjanjian mau disaksikna Prabu Matswapati, Raja Wirata,
Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan
Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni,
negara Ngastina dadi bahan rebutan antara Kurawa lan Pandhawa.
Dewi
Kunthi lan Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug
nanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati
lan Sri Kresna supaya dadi pinengahe pandhawa lan kurawa. Nanging amarga kabeh macem
rembugan ora nggawa hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana
perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala kurawa lan wis
mesti Negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis
rampung kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka
Ngastina lan nyepi(tapa) ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi
Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana
ing tengah alas.
1. Judul : Dewi Kunthi
2. Penyerat : Wisnu Sri Widodo
3. Bahasanipun : Sampon sae lan ceto
aluripun cerita lajeng damel ingkang maos penasaran
4. Jenis lakon : Jenis lakon alap – alap
( amarga dewi kunthi disamnyembarake kaleh bapakipun)
5. Watakipun : dewi kunthi gadahi watak
ingkang sae welas asih lanjeng terisna
6.
Amanatipun : Kudu bisa nepati janji. Luwih
becik yen paseduluran digawe tentrem ayem. Yen dipasrahi dadi saksi kudu mampu
ngrewangi mlaku ning dalan kang bener
Tidak ada komentar:
Posting Komentar